Pages

Friday 17 February 2012

WAWAN RAOS ANTAWISIPUN ROGO LAN NYOWO

Catatan ini kutemukan diantara tumpukan berkas-berkas lama milik almarhum Bapak. Sangat menarik untuk membaca dan merenungkan isi catatan ini, menjadikan aku lebih memahami hakekat manusia sebagai makhluk ciptaan Allah SWT. Manusia tak hanya dikarunia raga/tubuh dan nyawa/ruh, namun juga akal untuk berpikir dan mengembangkan diri melebihi makhluk ciptaanNya yang lain.
Catatan dibawah ini menggunakan bahasa Jawa Kromo Alus. Mungkin hanya bisa dipahami oleh mereka yang bersuku Jawa dan di lingkunagnnya bahasa Jawa masih digunakan sebagai bahasa utama/pendamping selain bahasa Indonesia. ;)

Satunggaling dinten kulo ngadeg wonten sangajengipun lemantun kaca ingkang kacanipun inggilipun 1 meter langkung, saenggo ketingal wujudipun badan sakujur wiwit saking sirah ngantos dumugi suku. Wujudipun badan sasampunipun umur kirang langkung 60 tahun, ketingal RATIH – KUSUT – PITULAS PINDO. Ratih = rambut sampun putih, Kusut = kulit sampun kisut, Pitulas pindo = untune sampun telas pipine sampun kendho. Benten kaliyan rikala taksih umur 25 tahun, sedayanipun tasih ketingal menarik, nanging samangke sampun mboten gadah daya tarik malih alias wis njelehi…..?


Saknaliko, kanthi wonten panacat meniko, kados-kados rogo meniko mboten trimah, mekaten menggah reraosanipun:
ROGO :    Aku ngakoni, saiki bareng umurku wis 60 tahun, wujudku pancen wis ora apik. Nanging ngertiyo, wujudku sing wis ora apik mau, nyatane beteke anggonku nglabeti kowe NYOWO! (Dipun sebat Nyowo, awit tasih kempal kaliyan Rogo). Elingo, rikkala Aku (Rogo) dek iosih umur 25 tahun, persasat Aku kok enggo banthingan, sikilku kok kon mlaku adoh, mudun jurang munggah pereng. Tangan kok prentahi nyekel, angkat junjung nangani sing abot-abot. Mripat, untu, perut, usus, ginjel, paru-paru ora tau kok krawuhi. Conto sing gampang. Yen kowe – Nyowo – duwe karep mangan, penjalukanmu kudu sing akeh, sing panas, sing enak, nyatane sing berat kuwi Aku – Rogo . Kowe – Nyowo, mung golek puas maremmu dewe, Aku sing kangelan, ngremet, nglembutake lan misah-misahake zat-zat makanan, kadang-kadang during bubar anggonku ngremet-ngremet makanan mau, wis kok leboni pakan maneh. Opo koyo ngono iku ora jenenge ngabot-aboti Aku! Nanging waktu samono Aku ora tau sambat, awit kancaku isih pepak, untu during pamit, isih ono, otot isih rosa. Bareng saiki, pikiren, ojo mung nuruti kepenakmu dewe. Kowe – Nyowo – ora nglakoni, ora nandangi, bareng sing nandangi koyo Aku iki, banget tenan olehku ngrekoso.
NYOWO: (wangsulan) Hiyo, …tumplaken anggonmu arep srengen karo Aku, mengko yen wis rampung anggonmu maido karo Aku, bakal tak wangsuli!
ROGO:     Nyatane kowe mung mburu senengmu dewe, seprono seprene, ora tau jare… ee.. Rogo tak gematenane, ojo diwenehi gawean sing abot-abot. Mung yen sasi puasa, Aku sak-konco bisa prei mung yen awan. Kocapo bareng wes Maghrib, waa… sing kecut, sing legi, sing amis, sing gurih, sing anyepe es, sing panase cabe, tumplak blak ono panggonane kancaku, si perut. Ngono-ngono yen sithiko, wis okehe ora jamak, lik rupane wae werna-werna. Nganti sesak sesek anggonku ngremet-ngremet lan nandangi, dadi percuma anggone prei pasa. Ora wurung sewengi betetet, Aku – Rogo –, ora kober leren dadi nglembur. Durung yen kowe pethakilan golek masalah. Aku sakanca, otak, otot, darah, syaraf, lan mripat ora biso turu ngaso. Ing mongko nyatane, yen Aku wis rusak, kowe – Nyowo – bisamu mung arep mlayu, ninggalake Aku. Paling- paling Aku mung kok kentang-kentangake ono ngisor lemah kubur. Kowe – Nyowo – seneng-seneng plesir. Pamitmu ditimbali Sing Maha Kawasa. Yen kowe ora gelem ngowahi tingkahmu mulai saat iki, kowe – Nyowo – bakal tak sepatani.
NYOWO: Loo… ojo koyo ngono…, wah, Aku berat yen kok sepatani. Plesirku ono ndalan bisa dadi bingung. Wis, saiki kowe arep njaluk opo, mengko bakal tak turuti.
ROGO:     Mulai detik iki, tindakanmu kudu diowahi. Sebab, Aku wis loyo, kabeh tumindak dibatasi, ora kena ngumbar hawa koyo dek isih muda. Nindakno kesabaran, nanging ojo sabare wong kesed, ora bakal entuk ganjaran. Nindakno syukur narimo, nanging ojo narimane wong sing wis kepojok- kepepet, ora bakal entuk nugroho. Nindakno ikhlas rilo, nanging ojo rilane barang wis kebacut. Lan tansah duweo welas asih marang sesamaning dasih, nanging dudu welas asihe wong duwe pamrih, ora bakal entuk hidayah, pepadange Kang Maha wikan. Kabeh mau kanggo nyalini tindak – watak : jail – metakil – mringkil, iri – drengki – srei, panasten – dahwen – open, medit – sengit – besiwit, sengkel – mangkel – mbedegel, srakah – ngangah-angah – marah-marah. Kuwi kabeh ojo kok tindakake, dibrangus kareben ojo makaryo. Sebab, manungsa ora bisa ngilangi watak kang mangkono iku. Kabeh mau supoyo Aku ojo enggal rusak.
NYOWO: Tak sanggupi, ojo kuwatir, angger ojo nyepatani anggonku plesir. Lan Kowe – Rogo – tak kandani, menawa sejatine anggonku tumindak, sing ora-ora, petakilan, dudu saat di-saat-ake, sumengko ngoyo-woro, nuruti kepuasan kemareman, iku kabeh nyatane sebab entuk pengaruh lan kepelet soko sifatmu lan asalmu dewe. Ngertiyo, jatine Kowe – Rogo –, ora bakal ninggal watak-sifat dirimu dewe. Jlentrehe mengkene:
                   Rogo, kowe asalmu kedadeyanmu soko [1]: Lemah – Bumi, Panas – Geni, Banyu, Angin. Gandeng barang-barang sing bisa dadekake awakmu iku mau, barang papat kasebut, wis podho handuweni sifat dewe-dewe kang ora podho jenise. Mula, bareng dadi awakmu – Rogo – kowe dewe mesthi bakal darben sifat-sifat kang mirip karo sifat-sifate barang rupa papat kasebut ing nduwur. Dadi ora mokal yen Aku – Nyowo – bareng dadi siji karo kowe – Rogo – tumindakku banjur keno pengaruh utawa banjur kepelet karo sifat dirimu. Yen Aku kondho asalmu soko Bumi, kuwi retine asalmu soko zat Bumi, upamane: gandum, beras, daging hewani, tetuwuhan, gula, uyah, kabeh iku asale soko Zat - Bumi.
ROGO:     Menowo Aku – Rogo – kedadeyan soko barang-barang papat kasebut ing nduwur, lan kandamu barang werna papat mau duwe sifat dewe-dewe, mbanjur sifat opo sing podho di-darbeni mau?
NYOWO: Barang werna papat kasebut ing nduwur darbe sifat kang olo lan becik, hiyo kuwi :
BUMI :     sifate luamah, duwe watak kudu sarwo akeh. kudu akeh lemah-sawahe, akeh omahe, akeh donya-branane, kudu akeh bageyane, yen mung sithik banjur muring-muring. Yen memangan kudu enak, kudu empuk, kudu panas, lan kudu sing akeh, yen mung sithik ora trimo. Nanging… Bumi duwe watak ADIL. Bumi ora duwe pojok, bunder, ora mban cinde mban siladan, sopo nandur pari bakal metu pari, ora bakal metu rawe kang nggateli. Dadi Bumi kuwi apike ADIL, alane SRAKAH.
BANYU:               Sumbere soko samudra utawa segoro. Dadi sumbere dudu soko tuk utowo mata air. Sebabe, segoro sauwise keno sinare srengenge, banyune panas, banjur nguap, mumbul dadi mega. Mega digowo angin, yen angin mau banjur ngliwati gunung-pegunungan sing duwur, mega kang kegowo angin katisen, menyuling atau berubah dadi rintik udan. Midun ono Bumi kaserap tanah, metu dadi mata air, mili menyang kali, kaline mili bali menyang segoro maneh. Banyu sifate SOFIAH. Watake Banyu gondar-gandir. Banyu sing ono cawan, yen cawane miring, banyune melu miring. Dadi ora duwe pendirian, go hiyo – go ora, ragu-ragu, tido-tido, esuk tempe sore dele kuwi alane. Dene becik utowo apike : sumbering banyu, yoiku segoro momot, kamot, jembar, sabar samodra ing pangaksama. Dicemplungi bangke kebo, bangke gajah, segoro ora tau nolak.  Ditambahi banyu soko kali, bengawan saben dino, nanging segoro ora tau, jare kebak. Dadi Banyu alane MENCLA-MENCLE, nanging apike SABAR.
GENI :   utowo panas sumbere soko Srengenge, sifate AMARAH. Alane duwe watak marah-marah, nesu-nesu, ora gelem kalah, mengangah – ngangah – angah. Nanging apike TEMEN, DISIPLIN. Dapat dipercaya, mbok hiyo ono geger udan angin lesus lindu, jam enem esuk wayahe njedul soko wetan, hiyo banjur jumedul ora tau semoyo. Wayahe angslup jam enem sore, ugo banjur angslup ono kulon.
ANGIN : utowo udara utowo Akoso, sifate MUTMAINAH. Apike duwe watak BERBUDI utawa SOSIAL. Angin diserot karo si miskin ugo gelem, diserot karo wong sugih ugo ora tau nolak, asih mring sesamining dasih. Nanging alane, gandeng akasa panggonane nduwur, dadi angin duwe watak sopo siro sopo ingsun, gengsi, kemethak, kamalungkung, keminter, gemagus, kemayu, pokoke sing kabeh nganggo ke…, ke…
Lha, kepiye Rogo, opo kowe wis bisa nompo? Yen biso nompo, temtune kowemesthi biso paring maaf karo Aku….?

ROGO:     (sumaur) Nanging Aku isih biso maido karo kowe – Nyowo – sebabe yen kowe wis biso ngerti, geneyo podho ora gelem nindakake. Tegese sing apik-apik bae ditindakake, sing ora apik ojo di-karya-ake.
NYOWO: Pancene kudu mengkono. Nanging jalaran ono sebabe lan sebab mau sarehne wigati banget, during mangsane kowe – Rogo, tak kandani. Mbesuk Aku bakal kondho karo kowe, sak-mangsane wus tumeko wancine.



Padaan, 23 Romadlon 1411 H

ER.ES.KARTOREDJOSO

No comments:

Post a Comment

Feel free to leave your comment, please. Cheers ;)